Contoh Pidato Bahasa Jawa Kemerdekaan
Posted: Rabu, 04 September 2013 by Unknown in
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Kepareng Bu
Guru ingkang kulo hormati, sarto rencang rencang sadoyo ingkang tansah kulo
tresnani.
Kepareng
kulo badhe ngaturaken pidato kanthi judul “KAMARDIKAN”.
Menawi kito maos buku buku sejarah kebangsaan, utawi menawi kito asring midhanget crito pangandikanipun simbah kito, bilih kamardikaan Indonesia punika dipun gayuh kanthi perjuangan ingkang sakalangkung awrat.
Menawi kito maos buku buku sejarah kebangsaan, utawi menawi kito asring midhanget crito pangandikanipun simbah kito, bilih kamardikaan Indonesia punika dipun gayuh kanthi perjuangan ingkang sakalangkung awrat.
Awit saking
kasugihanipun bumi nusantoro saking hasil tambang sarto wiaring samudro ingkang
kathah ngasilaken mino. Sahenggo bongso monco sami kapranan dhateng kasugihan
kasebat, lajeng sami njajah Indonesia. Inggih meniko bongso Walondo, Jepang lan
negoro liyo liyane.
Jalaran
kasangsaraan lan panindhasan ingkang dipun tindakaken dening penjajah puniko
ngantos kalantur lantur dangu, sahenggo naliko tanggal 28 Okt 1928 dipun
wontenaken konggres pemuda ing Jakarta. Konggres puniko manunggalaken pemuda
lan pemudi bongso Indonesia amrih perjuangan kangge nggayuh kamardikan puniko
saget kasil.
Alhamdulillah
awit saking kanugrahan lan rahmat Allah SWT, perjuangan saking bongso Indonesia
saget terwujud. Naliko tanggal 17 Agustus 1945 Kemerdekaan Indonesia di
proklamiraken dening Bung Karno lan Bung Hatta.
Saksampunipun
negari kito merdiko, tugas kito inggih meniko ngisi kamardikan puniko kanthi
mranoto lan damel pamarintahan ingkang sae lan mbangun bongso kito sak sae
saenipun.
Namung
mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi mugi wonten manfaatipun dhumateng
kula lan panjenengan sami, sadoyo kekhilafan lan kalepatan atur kula nyuwun
agunging pangaksami .
Wassalamu’alaikun
Wr.Wb



kula kinten sampun cekap ingkang saget kula aturaken. mugi-mugi saget bermanfaat dhumateng pribadi kawula khususipun lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo.
ana manten mangan srikaya, mangan kupat di bumbu santen
cekap semanten atur kawula, menawi lepat nyuwun pangapunten
Wassalamu’alaikum Wr. Wb