Contoh Pidato Bahasa Jawa Kemerdekaan

Posted: Rabu, 04 September 2013 by Unknown in
1

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kepareng Bu Guru ingkang kulo hormati, sarto rencang rencang sadoyo ingkang tansah kulo tresnani.
Kepareng kulo badhe ngaturaken pidato kanthi judul “KAMARDIKAN”.
Menawi kito maos buku buku sejarah kebangsaan, utawi menawi kito asring midhanget crito pangandikanipun simbah kito, bilih kamardikaan Indonesia punika dipun gayuh kanthi perjuangan ingkang sakalangkung awrat.
Awit saking kasugihanipun bumi nusantoro saking hasil tambang sarto wiaring samudro ingkang kathah ngasilaken mino. Sahenggo bongso monco sami kapranan dhateng kasugihan kasebat, lajeng sami njajah Indonesia. Inggih meniko bongso Walondo, Jepang lan negoro liyo liyane.
Jalaran kasangsaraan lan panindhasan ingkang dipun tindakaken dening penjajah puniko ngantos kalantur lantur dangu, sahenggo naliko tanggal 28 Okt 1928 dipun wontenaken konggres pemuda ing Jakarta. Konggres puniko manunggalaken pemuda lan pemudi bongso Indonesia amrih perjuangan kangge nggayuh kamardikan puniko saget kasil.
Alhamdulillah awit saking kanugrahan lan rahmat Allah SWT, perjuangan saking bongso Indonesia saget terwujud. Naliko tanggal 17 Agustus 1945 Kemerdekaan Indonesia di proklamiraken dening Bung Karno lan Bung Hatta.
Saksampunipun negari kito merdiko, tugas kito inggih meniko ngisi kamardikan puniko kanthi mranoto lan damel pamarintahan ingkang sae lan mbangun bongso kito sak sae saenipun.
Namung mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi mugi wonten manfaatipun dhumateng kula lan panjenengan sami, sadoyo kekhilafan lan kalepatan atur kula nyuwun agunging pangaksami .
Wassalamu’alaikun Wr.Wb

1 komentar:

  1. Anonim says:

    kula kinten sampun cekap ingkang saget kula aturaken. mugi-mugi saget bermanfaat dhumateng pribadi kawula khususipun lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo.
    ana manten mangan srikaya, mangan kupat di bumbu santen
    cekap semanten atur kawula, menawi lepat nyuwun pangapunten
    Wassalamu’alaikum Wr. Wb